Minggu, 16 Juni 2013

PITUTUR LUHURE WONG TUWAKU

1. Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjur rumangsa, “sapa sira sapa ingsun”, tansah ngendelake panguwasane. Tumindak degsura marang sapadha-padha. Elinga yen bandha iku gampang ilang muspra lan pangkat iku sawayah-wayah bisa oncat..!

TRANSLATE Keadaan dunia ini tidak abadi, senantiasa berubah-ubah setiap waktu. Kalau kebetulan kita memiliki harta dan diberkahi pangkat, jangan lantas merasa, “siapa saya, siapa Anda?”, yg selalu mengandalkan kekuasaannya untuk bertindak sombong kepada orang lain. Ingat..! bahwa harta itu mudah sekali lenyap dan pangkat itu sewaktu-waktu bisa lepas..!

2. Saiba-becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku yo kudu tansah eling, gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya, uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake ing donya iku sejatine yo mung dadi lelantaran melu urun-urun tetulung marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa, hayuning jagad.

TRANSLATE Memang sudah sepantasnya kalau orang yg sedang mendapatkan keberuntungan dan mendapatkan kebahagiaan itu harus selalu ingat dan banyak-banyak berucap syukur kepada Tuhan. Sebab perlu diketahui bahwa berlaku seperti itu tadi, selain bisa menghilangkan sifat besar kepala, juga bisa membuat kita sadar bahwa manusia dilahirkan di dunia itu, sebenarnya hanya untuk menjadi perantara, saling tolong-menolong kepada sesama makhluk ciptaan-Nya, mengurangi kesengsaraan, mengagungkan, merawat dan memelihara perdamaian dunia.

3. Urip ing donyo minangkane mung mampir ngombe. Kudu nrimo ,kudu sabar,kudu momong karo awake dhewe ugo wong liyo, Syukur karo sing kuoso… Sifat adigang, adigong, adiguno ra bakal menangke lakon,,! Ojo dumeh dadi wong biso, Ojo dumeh dadi wong sugih, Ojo dumeh dadi wong kanggo, Kui kabeh naming pacoban urip. Balong biso ajur,bondo biso entek! Wong bagos ora saklawase Wong ayu ora saksuene Ora ono sing langgeng liyane ALLAH SWT Sing jujur ojo ngapusi, sing pinter ojo keblinger.. Nek koe kroso loro di jiwet, ojo njiwet wong liyo, Sing do eleng ngger….le mu dadi menungso….. urip nang alam ndunyo yo sapodo'' sing tepo saliro