Minggu, 26 Februari 2012

kaca pangilon

Wayah sore sumelang ati tansah trenyuuh kelingan jaman semana rikolo tesih orip ing ndeso koyo angin kang semribit nelangsa kui ngeliwati pepengin ati amargo kasunyatan mung urip sengsoro naliko dino tansah sepi ing pamrih pikiranku koyo andedamar kanginan ngetan ngulon kleang kabur kanginan nggoleti arah ing sajroning rogo ingkang letih Embun wengi kang mrentul mrenthul meling Sak dhuwure gegodongan kang ijo royo'' sumilir Negasake sepiku ing dino iki Kang tansoyo nggubel ing kahanan rogo Sopo nglegowo dowo tanpa warna Naliko wewayangane tak sopo Grimis iseh kemepyur buyar koyo beling beling pangilon kang ajor Neng endi anggonku nggoleki maneh Koco pangilon Banyu tlogo wes katon ijo kebak lumut ing njero kono Ora ono pewayanganku Opo aku iseh prasojo Embun wengi kang adem njenkut Atiku keslamur lumut ing pandungo kang teges leles linuwih nrimo ati tansah nyuwun ing sa lembaring dungo'' tansyah minulyo mugi'' gusti ingkang moho kuoso pinaring derajat lan urip ingkang asrep tuwin becik lan prasojo ing sajroning lelampahaning kulo niki jalmo biasa ingkang nggadahi gegayuhaning urip ing alam ndunyo kangge sangu dumunung alam kelanggengan amien.... jakarta 26 februari 2012
boedhy.h