Minggu, 26 Februari 2012
kaca pangilon
Wayah sore sumelang
ati tansah trenyuuh
kelingan jaman semana
rikolo tesih orip ing ndeso
koyo angin kang semribit
nelangsa kui ngeliwati pepengin ati
amargo kasunyatan mung urip sengsoro
naliko dino tansah sepi ing pamrih
pikiranku koyo andedamar kanginan
ngetan ngulon kleang kabur kanginan
nggoleti arah ing sajroning rogo ingkang letih
Embun wengi kang mrentul mrenthul meling
Sak dhuwure gegodongan kang ijo royo''
sumilir Negasake sepiku ing dino iki
Kang tansoyo nggubel ing kahanan rogo
Sopo nglegowo dowo tanpa warna
Naliko wewayangane tak sopo
Grimis iseh kemepyur buyar
koyo beling beling pangilon kang ajor
Neng endi anggonku nggoleki maneh
Koco pangilon
Banyu tlogo wes katon ijo
kebak lumut
ing njero kono
Ora ono pewayanganku
Opo aku iseh prasojo
Embun wengi kang adem njenkut
Atiku keslamur lumut
ing pandungo kang teges leles linuwih nrimo
ati tansah nyuwun
ing sa lembaring dungo'' tansyah minulyo
mugi'' gusti ingkang moho kuoso
pinaring derajat lan urip ingkang asrep
tuwin becik lan prasojo
ing sajroning lelampahaning kulo niki
jalmo biasa ingkang
nggadahi gegayuhaning urip ing alam ndunyo
kangge sangu dumunung alam kelanggengan
amien....
jakarta 26 februari 2012
boedhy.h
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar